WAWANCARA PERUSAHAAN

Wawancara Kerja Paling Sulit Dijaman Sekarang.

Boss : B
Pelamar : P

B : Kowe duwe omah opo ora?
P : Dereng
B : Kowe ora iso ketompo nang kene
P : Lho kok ngoten?
B : Mengko kowe mesti ngaju’ne utang nang Perusahaan
P : Ah, mboten kok, sakjanipun tiang sepah kulo niku sampun sugih
B : Malah ora ketompo
P : Lho kok ngoten?
B : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrong-nongkrong wae, chattingan terus.

B : Kowe duwe motor opo ora?
P : Mboten
B : Ora ketompo
P : Lho kok saget?
B : Mengko kowe mesti njaluk bantuan kredit
P : Sakjanipun gadah, ning tasih teng kampung, gampil mangke kulo betho mriki
B : Wah ora ketompo
P : Lho kok ngoten?
B : Tempat parkire wes kebak.

B : Kowe wes lulus Sarjana tenan?
P : Sampun Pak
B : Ora ketompo, kene iki golek lulusan SMA ae, luweh manutan tur bayarane murah
P : Sakjanipun kulo tasih badhe SKRIPSI
B : Malah ra ketompo
P : Lho kados pundi tho?
B : Mengko kowe kerjo mung ngetik SKRIPSI, trus lek wes lulus mesti kowe golek kerjo nang Perusahaan liyo.

B : Kowe seneng guyon ora?
P : Mboten Pak, kulo serius nek nyambut damel
B : Ra ketompo
P : Welha, kok ngoten?
B : Engko konco-koncomu lan anak buahmu podho stress
P : Sakjane nggih remen guyon
B : Malah ra ketompo
P : Lho kok?
B : Engko penggaweanmu mung ngedagel marai ngguyu trus ra podo kerjo.

B : Anakmu akeh opo sithik?
P : Kathah Pak
B : Ora ketompo
P : Sebabipun?
B : Nyambut gawemu engko ora tenanan mung mikir gawe anak terus
P : Lha wong namung anak adopsi kok
B : Tambah ora ketompo
P : Lho?
B : Gawe anak wae aras-arasen, opo maneh nyambut gawe.

B : Kowe iso internetan?
P : Dereng
B : Ora ketompo
P : Sebabipun?
B : Perusahaan ora nompo wong buta internet
P : Sakjanipun Nggeh pun saget sekedik-seke…..
B : Tambah ora ketompo
P : Lha kok?
B : Mengko gawenanmu mung apdet status ae.

B : Kowe waras?
P : Waras tho Pak
B : Wah ra ketompo
P : Kenging nopo?
B : Mengko kowe ra krasan nang kene
P : Sakniki pun rodo edan
B : Ra tak tompo
P : Sebab?
B : Mengko aku duwe saingan
P : ? ? ? ? ? ? ? ? ? ? ?